Maklumat Wayang
karya : Singgih
aji prasetyo
Musik opening (Pak Narto dan Bu Jumirah)
Bu
Jumirah : pak, pak asline sampean
iki panjer wayang wong opo ora leh pak? Tamu wes semene akehe, suguhan wes arep
entek kok hurong teko-teko wonge. Aku ngeneki isin karo tonggo-tonggo, wes
kadong kesebar kabar sak kelurahan yen awak dewe iki arep dewe hajat nyunatno
anak lanang seng ganteng dewe, nanggap wayang wong. Deloken go pak seng wes
arep do delok wayang wong, wes podo kumpol semene akehe.
Pak
Narto : begini loh mah, mamah kan
tau sendiri kalau papah ini orangnya tanggung jawab dan amanah. Jadi apa yang
papah sampaikan ke mamah kemarin itu, sudah sesuai dengan realita dan fakta
yang ada. La wong wes tak panjeri, iki loh kuwitansine diwoco, Tanggale yo wes
pas, 28 Desember 2017, acara : nyunatno den bagus aliyando sucipto, desa
mbeketel, kecamatan Lebanon, kabupaten rembang bangkit, panjer 250, tertanda
Dalang Ki Mantep Sudarminto, Lo yo ceto to.
Bu
Jumirah : lah nyatane yo ora podo
teko-teko pemaine, titennono nek kanti ora teko sampean seng bakal tak dadekke
wayang, aku wes kadong isen karo tonggo-tonggo. Opo meneh yen tole Den Bagus
Aliyando Sucipto kanti diisen-isen karo kanco-koncone, sampean kudu wani
tanggung jawab.
Pak Narto :
sabar to mah sabar, sebentar lagi pasti sampai disini mah, sabar.
(Aliyando masuk)
Aliyando :
ha ha ha ha ha ha mah, mamah nenen
Bu
Jumirah : heh, la wong bocah wes gede
wes disunatno barang la kok ijeh jalok nenen, opo ora isen iku didelok bu
dosen?
Aliyando :
la endi wayange jare ameh ditanggapno wayang kok ora ono?
Bu Jumirah :
lah kono kuwi takon karo Bapakmu, seng panjer Bapakmu kok takone karo aku?
Aliyando :
to narto
Pak Narto :
heh, ngomong opo, ngomong karo wong tuo kok ra sopan.
Aliyando : I am sorry pah, I am kilaf. Ee lah
wayange endi?. Aku wes kadong ngomong karo konco-konco takon melekan kok,
konco-koncoku karo guruku, tukang kebon, bu kantin, bakol pentol wes takon moro
kabeh. Nek gak sido aku dak isen, nek mading sekolahan iku loh wes kadong tak
templek’I pengumuman tonton dan saksikanlah pegelarang wayang wong dalam rangka
tasyakuran sunatan aku.
Pak
Narto : cah bagus sabar, bapak iki
wes rono wes panjer, paleng sedelok maneh yo wes tekan kene pemaine. Kamu itu
harus latihan sabar sedari kecil, agar nanti kalau kamu sudah dewasa bisa
menjadi orang yang bijaksana, tidak mudah emosi dan tidak mudah diprovokasi
oleh provokator-provokator yang dapat
menimbulkan keadaan yang semakin tidak kondusif.
Aliyando :
elah pokok e wayang sak iki, aku emoh nek gak wayang
Pak Narto :
yo yo yo yo seng sabar, yo uwes tak telfonke disek dalange yen ngono. (telfon)
Aliyando :
lah lah lah kae dalange wes teko, ye ye dalange teko, ye ye dalange teko.
(music, dalang masuk)
Dalang :
assalamualaikum.
Bu
Jumirah : waalaikumsalam, piye to pak
pak. Sampean niki ditanggap wong ora tanggung jawab, aku wes kadong isen, tamu
semene akehe iki sebagian wes podo bali goro-goro nunggu sampean ora teko-teko.
Suguhan-suguhan yo wes kanti ngene rupane, deloken go boges wes podo ngiler,
nogo sari eo ngiler, arem-arem e mambu, krupuk mplempem, kopi kui lo kok iso
kanti adem.
Dalang :
iki wong opo opo yo yo, omong kok ora ono pedote blas. Ngeten lo buk, kulo niki
wau supe, kulo kinten niki wau dereng tanggal 28 desember, rumaos kulo niki wau
nembe tanggal 28 maret.
Bu Jumirah :
la kok adoh men tanggal 28 desember karo 28 maret, tanggalan sampean niki mau
gawekan mojopahit opo singosari.
Dalang :
lah pripon, lah nek boten ngoten geh boten lucu ee.
Pak narto :
lah iya kok pak, kita kemarin kan sudah ada MOU. Kita sudah sepakat, harga juga
sudah deal, panjer sudah saya kasih, bapak saya cagerkan kok, cagerkan iki opo
bahasa Indonesiane, bapak sudah saya arep-arep, eee lah kok malah tidak lek
ndang datang. Bapak ini membuat saya galau.
Dalang : njih, njih kulo ngaku salah. mpon
pokoke mangke kulo maen seng apik, Untuk mengobati kekecewaan panjenengan dan
para penonton, pokok e dijamin puas.
Bu Jumirah :
mpon monggo dang dikepyakke wayange
Dalang : oh njeh siap (bu jumirah), wes sak
iki ngene cah ayo dang disiapke kabeh perlengkapane, ayo sak iki dang maen!.
Wayang :
(bisik-bisik)
Gatot koto :
nganu pak dalang nuwun sewu, pakaianya tertinggal.
Dalang :
kalian ini bagaimana, lah kok ora katokmu kui seng keri?
Pergiwo :
lah niki bener iki pak dalang, ndi pakaiane.
Gatot koco :
lah niki seng salah, niki seng tugase gowo malah ora digowo. (cakil)
Pergiwo :
bener niku pak dalang niki seng salah.
Cakil : lah kok iso aku iku piye, kita
ini sama-sama wayang, kita punya hak dan kewajiban yang sama dihadapan ki dalang, seharusnya kita ini saling mengingatkan bukan
malah saling menyalahkan. Waata’awanuu
alal birri wattaqwa walataawanu alal ismi wal udwan, dan tolong menolonglah
dalam kebaikan dan taqwa dan jangan tolong menolong dalam dosa dan permusuhan.
Seharuse yen aku lali iku kuwe duweni kewajiban kudu ngelengke ojo malah
nyalahke aku.
Pergiwo :
lah bener iku, cocok kui dalilmu.
Gatot koco :
kaet mau kok benar bener, kono bener kene bener, janjane kue iku melu sopo?
Pergiwo :
aku yo jelas melu seng bayar.
Dalang : pokoknya saya tidak mau tau,
sekarang juga kita main cari pakain sesuai dengan peran kalian masing-masing,
kamu jadi gatot koco, kamu jadi pergiwo, dan kamu jadi cakil, cepat!.
Wayang :
siap.
Dalang : ee bener, wes dipaido seng duwe
omah, due anak buah ora ono seng beres dipasrahi kon gowo pakaian ae lali, awas
tak potong bayarane, ora ngerti ta piye nek kene iki dalang. Hem cek cek,
Sigro kang bolo
tumingal
Kajempo
sawiyo wedalih
Risang
mawegandrung
Sabarang
kadulung ukir moyak-mayik dias balewor, o
Kocap kacarito, woten ing
negoro pringgodani, raden gatot koco ngupadi ingkang garwo dewi endang pergiwo.
Ingkang bade dipon boyong wonten ing dampar kencono, wismo panghargiyo. Raden
gatot koco ngambah dergantoro.
Gatot koco (masuk)
Dalang :
iki opo iki, gatot koco kok ape blonjo
Gatot koco :
nuwun sewu pak daalang, niki mau geh sak entene. Dados geh dimaklumi wong
pakaiane keri.
Dalang : yo wes ra popo seng penteng
bayaran. Yo wes ayo dilanjutke ceritane. Raden gatot koco sampon jumeneng
wonten ing palagan, dugi titiwancinipun dewi endang pergiwo. Mijil wonten ing
sasono. Dewi ending pergiwo metu ndok!.
Pergiwo (masuk)
Pergiwo : jane aku wegah ngeniki wong kok iso
diubel-ubel koyok lontong, diulek-ulek karo wedak koyo ngene, digencuni yo
kliwat kabeh, ora sumbot karo bayarane.
Dalang : kue iki janjane lapo, wong
diwedak i ora tambah ayu kok malah tambah koyo barongan. Wes sak iki kono do
jagong do omong-omongan kono!.
Gatot
koco : adikku di adikku, dewi endang
pergiwo mreneo cah ayu nyerak o marang kakang, siro bakal tak pondong, tak
boyong ono ing kesatrian pringgodani (dialek pergiwo)
Pergiwo : kakang gatot koco, sejatosipun kulo
puron panjenengan boyong wonten ing kesatrian pringgodani, ananging kakang,
sejatosipun wonten setunggalipun tiang ingkang remen kalian kulo. (dialek gatot
koco)
Dalang :
kuwalek, kuwalek, suttt kuwalek.
(pindah posisi)
Gatot koco :
o kuwalek, adikku di adikku
Dalang : suttt, heh kuwalek
Gatot koco :
o ijeh kuwalek, adikku di adikku
Dalang : heh seng kuwalek kuwi omongane
dudu posisine, janjane kuwe iki mudeng ta ora leh yo yo?
Gatot
koco : o omongane to ngomong dong.
adikku di adikku, dewi endang pergiwo mreneo cah ayu nyerak o marang kakang,
siro bakal tak pondong, tak boyong ono ing kesatrian pringgodani.
Pergiwo : kakang gatot koco, sejatosipun kulo
puron panjenengan boyong wonten ing kesatrian pringgodani, ananging kakang,
sejatosipun wonten setunggalipun tiang ingkang remen kalian kulo.
Gatot koco :
sopo iku diajeng, wani-wanine ganggu calon bojoku?
Pergiwo :
tiang puniko nun inggeh cakil kakang.
Cakil (masuk)
Gatot koco :
cakil opo bener kue seneng marang calon bojoku dewi endang pergiwo?
Cakil : iyo iyo iyo, aku aku aku, seng
seneng marang diajeng pergiwo iku aku aku aku. Ape lapo kowe, ape lapo kowe?
Gatot koco :
kok wani-wanine kowe ape ngoyok calon bojoku?
Cakil :
seng tak wedeni opo, tak wedeni opo?
Gatot
koco : eee atos cocotmu, lir kadiyo
kandel kuletmu, koyo dene ora tedas papak palune pandai,
Dalang : bumi gonjang ganjeng, langit
ginjur-ginjur (kelap-kelap)
o,
kemudian terjadilah perang yang dasyat antara gatot kaca dengan buto cakil.
Siapakah yang akan jadi pemenangnya, kita saksikan bersama.
Gatot koco :
cakil bakal tak rampungi kue dino iki, cabut janggamu mati deneng aku.
(perang) gatot kaca mati
Cakil : diajeng pergiwo sak iki gatot
koco wes mati, gatot koco wes mati, sak iki ayo kawen karo aku.
Pergiwo : cakil, aku mau menuruti apa yang jadi
keinginanmu, tapi saya kasih satu permintaan.
Cakil :
opo iku diajeng?
Pergiwo : aku meninginkan engkau membunuh
orang yang akan menjadi penghalang cinta kita, yang selama ini diam-diam
mencintaiku.
Cakil :
e ladalah sopo iku diajeng, sopo iku?
Pergiwo :
dalang kil.
Cakil :
e dalang mati deneng aku.
(perang) cakil mati
Dalang : pergiwo sekarang sudah tidak ada
yang menjadi penghalang cinta kita sayang, disini hanya ada aku dan kamu.
sudikah kau menjadi istriku?.
Pergiwo :
jangan salah dalang, karna sebenarnya masih ada satu lagi yang diam-diam
menginginkanku.
Dalang :
siapa gerangan orang itu wahai sayangku?
Pergiwo :
dia adalah Narto, aku ingin kau membunuhnya dalang!.
Dalang : narto ternyata kau musuh dalam
selimut narto, kau menanggapku ternyata ini tujuanmu narto.
Pak
Narto : ha ha ha kalau memang iya
kenapa? Setiap orang berhak mencintai, setiap orang berhak memiliki.
Bu
jumirah : papah jadi selama ini papah
diam-diam ada wanita lain, jadi selama ini papah menghianati cinta mamah.
Pak
Narto : kakean omong (membunuh bu
jumirah) wong wedok cerewet, dst. Dalang reneo majuo. Kita tentukan siapa yang
berhak memiliki pergiwo. (aliyando turun)
Dalang : narto, sekalipun engkau yang
punya uang di sini, tapi sedikit pun aku tak gentar menghadapimu.
Pak
Narto : wahai dalang, sekalipun
engkau yang mempunyai kekuasaan mengatur di sini, namun selangkah pun aku tak
akan mundur menghadapimu.
Perang (mati semua)
Pergiwo : lah kalau begini terus bagaimana,
kesatriya mati, angkara murka mati, yang
pandai berkata-kata mati, yang punya
uang mati, yang punya kekuasaan mati, jadi apa gunanya aku hidup lagi. Kalau
memang harus mati matilah semuanya.
Aliyando : ha ha ha papah, mamah. Bangun pah
bangun mah jangan diam saja, bangun jangan diam saja.
Ya Tuhan, kenapa
semuanya harus seperti ini, kenapa bukan angkara murka saja yang mati. Kenapa
para kesatriya pun ikut mati. Apakah ini akibatnya jika manusia-manusia sudah
terlena dengan kepentingan-kepentingannya. Apakah ini akibatnya jika
manusia-manusia terlalu terbuai oleh hawa napsunya, apakah ini akibatnya jika
manusia-manusia begitu mudah untuk diadu domba.
Kini semuanya telah
mati
(Ya Tuhan kini bumi-Mu
telah mati dan tak akan pernah hidup kembali
Tanah-Mu telah mati,
terlalu banyak ditanam aspal dan besi
Udara-Mu telah mati,
dimana-mana asap dan polusi
Api-Mu telah mati, ia
termakan oleh kobarnya sendiri
Air-Mu pun telah mati,
tak bisa jernih seperti dulu lagi
Ya tuhan, kini semuanya
telah mati
Para pemimpin telah
mati, karena tak bisa menepati janji-janji
Rakyat pun ikut mati,
dihantam oleh adu domba dan provokasi
Para petani telah mati,
pupuk mereka diselundupkan sebagai upeti
Nelayan-nelayan telah
mati, air laut mereka kini tak asin lagi
Aparat hukum telah
mati, terlalu banyak menyelipkan amplop dispensasi
Para pengusaha telah
mangkat, menumbuhkan konglomerat mengikis habis kaum melarat
Guru-guru telah mati,
mereka terlampau baik mengajar tanpa menerima gaji
Pelajar-pelajar juga
telah mati, hanya mengejar nilai tanpa dapat berekspresi
Anak-anak telah mati,
terbujur kaku di depan televisi
Bahkan kiai-kiai kami
pun telah mati, karna tak lagi dapat memberikan contoh kepada para santri).
Ya Tuhan, ampunilah
kami dan mereka, ampunilah kami dan mereka, ampunilah kami dan mereka.
Tamat. . .