Rabu, 08 November 2017

(Drama) Maklumat Wayang



Maklumat Wayang
karya : Singgih aji prasetyo


Musik opening (Pak Narto dan Bu Jumirah)
Bu Jumirah       : pak, pak asline sampean iki panjer wayang wong opo ora leh pak? Tamu wes semene akehe, suguhan wes arep entek kok hurong teko-teko wonge. Aku ngeneki isin karo tonggo-tonggo, wes kadong kesebar kabar sak kelurahan yen awak dewe iki arep dewe hajat nyunatno anak lanang seng ganteng dewe, nanggap wayang wong. Deloken go pak seng wes arep do delok wayang wong, wes podo kumpol semene akehe.
Pak Narto         : begini loh mah, mamah kan tau sendiri kalau papah ini orangnya tanggung jawab dan amanah. Jadi apa yang papah sampaikan ke mamah kemarin itu, sudah sesuai dengan realita dan fakta yang ada. La wong wes tak panjeri, iki loh kuwitansine diwoco, Tanggale yo wes pas, 28 Desember 2017, acara : nyunatno den bagus aliyando sucipto, desa mbeketel, kecamatan Lebanon, kabupaten rembang bangkit, panjer 250, tertanda Dalang Ki Mantep Sudarminto, Lo yo ceto to.
Bu Jumirah       : lah nyatane yo ora podo teko-teko pemaine, titennono nek kanti ora teko sampean seng bakal tak dadekke wayang, aku wes kadong isen karo tonggo-tonggo. Opo meneh yen tole Den Bagus Aliyando Sucipto kanti diisen-isen karo kanco-koncone, sampean kudu wani tanggung jawab.
Pak Narto        : sabar to mah sabar, sebentar lagi pasti sampai disini mah, sabar.

(Aliyando masuk)
Aliyando         : ha ha ha ha ha ha mah, mamah nenen
Bu Jumirah      : heh, la wong bocah wes gede wes disunatno barang la kok ijeh jalok nenen, opo ora isen iku didelok bu dosen?
Aliyando         : la endi wayange jare ameh ditanggapno wayang kok ora ono?
Bu Jumirah      : lah kono kuwi takon karo Bapakmu, seng panjer Bapakmu kok takone karo aku?
Aliyando         : to narto
Pak Narto        : heh, ngomong opo, ngomong karo wong tuo kok ra sopan.
Aliyando         : I am sorry pah, I am kilaf. Ee lah wayange endi?. Aku wes kadong ngomong karo konco-konco takon melekan kok, konco-koncoku karo guruku, tukang kebon, bu kantin, bakol pentol wes takon moro kabeh. Nek gak sido aku dak isen, nek mading sekolahan iku loh wes kadong tak templek’I pengumuman tonton dan saksikanlah pegelarang wayang wong dalam rangka tasyakuran sunatan aku.
Pak Narto        : cah bagus sabar, bapak iki wes rono wes panjer, paleng sedelok maneh yo wes tekan kene pemaine. Kamu itu harus latihan sabar sedari kecil, agar nanti kalau kamu sudah dewasa bisa menjadi orang yang bijaksana, tidak mudah emosi dan tidak mudah diprovokasi oleh provokator-provokator  yang dapat menimbulkan keadaan yang semakin tidak kondusif.
Aliyando         : elah pokok e wayang sak iki, aku emoh nek gak wayang
Pak Narto        : yo yo yo yo seng sabar, yo uwes tak telfonke disek dalange yen ngono. (telfon)
Aliyando         : lah lah lah kae dalange wes teko, ye ye dalange teko, ye ye dalange teko.

(music, dalang masuk)
Dalang             : assalamualaikum.
Bu Jumirah      : waalaikumsalam, piye to pak pak. Sampean niki ditanggap wong ora tanggung jawab, aku wes kadong isen, tamu semene akehe iki sebagian wes podo bali goro-goro nunggu sampean ora teko-teko. Suguhan-suguhan yo wes kanti ngene rupane, deloken go boges wes podo ngiler, nogo sari eo ngiler, arem-arem e mambu, krupuk mplempem, kopi kui lo kok iso kanti adem.
  Dalang            : iki wong opo opo yo yo, omong kok ora ono pedote blas. Ngeten lo buk, kulo niki wau supe, kulo kinten niki wau dereng tanggal 28 desember, rumaos kulo niki wau nembe tanggal 28 maret.
  Bu Jumirah     : la kok adoh men tanggal 28 desember karo 28 maret, tanggalan sampean niki mau gawekan mojopahit opo singosari.
  Dalang            : lah pripon, lah nek boten ngoten geh boten lucu ee.
  Pak narto        : lah iya kok pak, kita kemarin kan sudah ada MOU. Kita sudah sepakat, harga juga sudah deal, panjer sudah saya kasih, bapak saya cagerkan kok, cagerkan iki opo bahasa Indonesiane, bapak sudah saya arep-arep, eee lah kok malah tidak lek ndang datang. Bapak ini membuat saya galau.
Dalang             : njih, njih kulo ngaku salah. mpon pokoke mangke kulo maen seng apik, Untuk mengobati kekecewaan panjenengan dan para penonton, pokok e dijamin puas.
Bu Jumirah      : mpon monggo dang dikepyakke wayange
Dalang             : oh njeh siap (bu jumirah), wes sak iki ngene cah ayo dang disiapke kabeh perlengkapane, ayo sak iki dang maen!.
Wayang           : (bisik-bisik)
Gatot koto       : nganu pak dalang nuwun sewu, pakaianya tertinggal.
Dalang             : kalian ini bagaimana, lah kok ora katokmu kui seng keri?
Pergiwo           : lah niki bener iki pak dalang, ndi pakaiane.
Gatot koco      : lah niki seng salah, niki seng tugase gowo malah ora digowo. (cakil)
Pergiwo           : bener niku pak dalang niki seng salah.
Cakil                : lah kok iso aku iku piye, kita ini sama-sama wayang, kita punya hak dan kewajiban yang sama dihadapan ki dalang,  seharusnya kita ini saling mengingatkan bukan malah saling menyalahkan. Waata’awanuu alal birri wattaqwa walataawanu alal ismi wal udwan, dan tolong menolonglah dalam kebaikan dan taqwa dan jangan tolong menolong dalam dosa dan permusuhan. Seharuse yen aku lali iku kuwe duweni kewajiban kudu ngelengke ojo malah nyalahke aku.
Pergiwo           : lah bener iku, cocok kui dalilmu.
Gatot koco      : kaet mau kok benar bener, kono bener kene bener, janjane kue iku melu sopo?
Pergiwo           : aku yo jelas melu seng bayar.
Dalang             : pokoknya saya tidak mau tau, sekarang juga kita main cari pakain sesuai dengan peran kalian masing-masing, kamu jadi gatot koco, kamu jadi pergiwo, dan kamu jadi cakil, cepat!.
Wayang           : siap.
Dalang             : ee bener, wes dipaido seng duwe omah, due anak buah ora ono seng beres dipasrahi kon gowo pakaian ae lali, awas tak potong bayarane, ora ngerti ta piye nek kene iki dalang. Hem cek cek,
Sigro kang bolo tumingal
Kajempo sawiyo wedalih
Risang mawegandrung
Sabarang kadulung ukir moyak-mayik dias balewor, o
                       Kocap kacarito, woten ing negoro pringgodani, raden gatot koco ngupadi ingkang garwo dewi endang pergiwo. Ingkang bade dipon boyong wonten ing dampar kencono, wismo panghargiyo. Raden gatot koco ngambah dergantoro.

Gatot koco (masuk)
Dalang             : iki opo iki, gatot koco kok ape blonjo
Gatot koco      : nuwun sewu pak daalang, niki mau geh sak entene. Dados geh dimaklumi wong pakaiane keri.
Dalang             : yo wes ra popo seng penteng bayaran. Yo wes ayo dilanjutke ceritane. Raden gatot koco sampon jumeneng wonten ing palagan, dugi titiwancinipun dewi endang pergiwo. Mijil wonten ing sasono. Dewi ending pergiwo metu ndok!.

Pergiwo (masuk)
Pergiwo           : jane aku wegah ngeniki wong kok iso diubel-ubel koyok lontong, diulek-ulek karo wedak koyo ngene, digencuni yo kliwat kabeh, ora sumbot karo bayarane.
Dalang             : kue iki janjane lapo, wong diwedak i ora tambah ayu kok malah tambah koyo barongan. Wes sak iki kono do jagong do omong-omongan kono!.
Gatot koco      : adikku di adikku, dewi endang pergiwo mreneo cah ayu nyerak o marang kakang, siro bakal tak pondong, tak boyong ono ing kesatrian pringgodani (dialek pergiwo)
Pergiwo           : kakang gatot koco, sejatosipun kulo puron panjenengan boyong wonten ing kesatrian pringgodani, ananging kakang, sejatosipun wonten setunggalipun tiang ingkang remen kalian kulo. (dialek gatot koco)
Dalang             : kuwalek, kuwalek, suttt kuwalek.
(pindah posisi)
Gatot koco      : o kuwalek, adikku di adikku
Dalang             : suttt, heh kuwalek
Gatot koco      : o ijeh kuwalek, adikku di adikku
Dalang             : heh seng kuwalek kuwi omongane dudu posisine, janjane kuwe iki mudeng ta ora leh yo yo?
Gatot koco      : o omongane to ngomong dong. adikku di adikku, dewi endang pergiwo mreneo cah ayu nyerak o marang kakang, siro bakal tak pondong, tak boyong ono ing kesatrian pringgodani.
Pergiwo           : kakang gatot koco, sejatosipun kulo puron panjenengan boyong wonten ing kesatrian pringgodani, ananging kakang, sejatosipun wonten setunggalipun tiang ingkang remen kalian kulo.
Gatot koco      : sopo iku diajeng, wani-wanine ganggu calon bojoku?
Pergiwo           : tiang puniko nun inggeh cakil kakang.

Cakil (masuk)
Gatot koco      : cakil opo bener kue seneng marang calon bojoku dewi endang pergiwo?
Cakil                : iyo iyo iyo, aku aku aku, seng seneng marang diajeng pergiwo iku aku aku aku. Ape lapo kowe, ape lapo kowe?
Gatot koco      : kok wani-wanine kowe ape ngoyok calon bojoku?
Cakil                : seng tak wedeni opo, tak wedeni opo?
Gatot koco      : eee atos cocotmu, lir kadiyo kandel kuletmu, koyo dene ora tedas papak palune pandai,
Dalang             : bumi gonjang ganjeng, langit ginjur-ginjur (kelap-kelap)
o, kemudian terjadilah perang yang dasyat antara gatot kaca dengan buto cakil. Siapakah yang akan jadi pemenangnya, kita saksikan bersama.
Gatot koco      : cakil bakal tak rampungi kue dino iki, cabut janggamu mati deneng aku.




(perang) gatot kaca mati
Cakil                : diajeng pergiwo sak iki gatot koco wes mati, gatot koco wes mati, sak iki ayo kawen karo aku.
Pergiwo           : cakil, aku mau menuruti apa yang jadi keinginanmu, tapi saya kasih satu permintaan.
Cakil                : opo iku diajeng?
Pergiwo           : aku meninginkan engkau membunuh orang yang akan menjadi penghalang cinta kita, yang selama ini diam-diam mencintaiku.
Cakil                : e ladalah sopo iku diajeng, sopo iku?
Pergiwo           : dalang kil.
Cakil                : e dalang mati deneng aku.

(perang) cakil mati
Dalang             : pergiwo sekarang sudah tidak ada yang menjadi penghalang cinta kita sayang, disini hanya ada aku dan kamu. sudikah kau menjadi istriku?.
  Pergiwo          : jangan salah dalang, karna sebenarnya masih ada satu lagi yang diam-diam menginginkanku.
Dalang             : siapa gerangan orang itu wahai sayangku?
Pergiwo           : dia adalah Narto, aku ingin kau membunuhnya dalang!.
Dalang             : narto ternyata kau musuh dalam selimut narto, kau menanggapku ternyata ini tujuanmu narto.
Pak Narto        : ha ha ha kalau memang iya kenapa? Setiap orang berhak mencintai, setiap orang berhak memiliki.
Bu jumirah      : papah jadi selama ini papah diam-diam ada wanita lain, jadi selama ini papah menghianati cinta mamah.
Pak Narto        : kakean omong (membunuh bu jumirah) wong wedok cerewet, dst. Dalang reneo majuo. Kita tentukan siapa yang berhak memiliki pergiwo. (aliyando turun)
Dalang             : narto, sekalipun engkau yang punya uang di sini, tapi sedikit pun aku tak gentar menghadapimu.
Pak Narto        : wahai dalang, sekalipun engkau yang mempunyai kekuasaan mengatur di sini, namun selangkah pun aku tak akan mundur menghadapimu.

Perang (mati semua)
Pergiwo           : lah kalau begini terus bagaimana, kesatriya mati, angkara murka mati,  yang pandai berkata-kata mati,  yang punya uang mati, yang punya kekuasaan mati, jadi apa gunanya aku hidup lagi. Kalau memang harus mati matilah semuanya.
Aliyando         : ha ha ha papah, mamah. Bangun pah bangun mah jangan diam saja, bangun jangan diam saja.
Ya Tuhan, kenapa semuanya harus seperti ini, kenapa bukan angkara murka saja yang mati. Kenapa para kesatriya pun ikut mati. Apakah ini akibatnya jika manusia-manusia sudah terlena dengan kepentingan-kepentingannya. Apakah ini akibatnya jika manusia-manusia terlalu terbuai oleh hawa napsunya, apakah ini akibatnya jika manusia-manusia begitu mudah untuk diadu domba.
Kini semuanya telah mati
(Ya Tuhan kini bumi-Mu telah mati dan tak akan pernah hidup kembali
Tanah-Mu telah mati, terlalu banyak ditanam aspal dan besi
Udara-Mu telah mati, dimana-mana asap dan polusi
Api-Mu telah mati, ia termakan oleh kobarnya sendiri
Air-Mu pun telah mati, tak bisa jernih seperti dulu lagi
Ya tuhan, kini semuanya telah mati
Para pemimpin telah mati, karena tak bisa menepati janji-janji
Rakyat pun ikut mati, dihantam oleh adu domba dan provokasi
Para petani telah mati, pupuk mereka diselundupkan sebagai upeti
Nelayan-nelayan telah mati, air laut mereka kini tak asin lagi
Aparat hukum telah mati, terlalu banyak menyelipkan amplop dispensasi
Para pengusaha telah mangkat, menumbuhkan konglomerat mengikis habis kaum melarat
Guru-guru telah mati, mereka terlampau baik mengajar tanpa menerima gaji
Pelajar-pelajar juga telah mati, hanya mengejar nilai tanpa dapat berekspresi
Anak-anak telah mati, terbujur kaku di depan televisi
Bahkan kiai-kiai kami pun telah mati, karna tak lagi dapat memberikan contoh kepada para santri).
Ya Tuhan, ampunilah kami dan mereka, ampunilah kami dan mereka, ampunilah kami dan mereka.

Tamat. . .

(Puisi) Kini Semuanya Telah Mati



Kini semuanya telah mati
(puisi dalam naskah drama)
oleh : Singgih Aji Prasetyo
 
(Ya Tuhan kini bumi-Mu telah mati dan tak akan pernah hidup kembali
Tanah-Mu telah mati, terlalu banyak ditanam aspal dan besi
Udara-Mu telah mati, dimana-mana asap dan polusi
Api-Mu telah mati, ia termakan oleh kobarnya sendiri
Air-Mu pun telah mati, tak bisa jernih seperti dulu lagi

Ya tuhan, kini semuanya telah mati
Para pemimpin telah mati, karena tak bisa menepati janji-janji
Rakyat pun ikut mati, dihantam oleh adu domba dan provokasi
Para petani telah mati, pupuk mereka diselundupkan sebagai upeti
Nelayan-nelayan telah mati, air laut mereka kini tak asin lagi
Aparat hukum telah mati, terlalu banyak menyelipkan amplop dispensasi
Para pengusaha telah mangkat, menumbuhkan konglomerat mengikis habis kaum melarat
Guru-guru telah mati, mereka terlampau baik mengajar tanpa menerima gaji
Pelajar-pelajar juga telah mati, hanya mengejar nilai tanpa dapat berekspresi
Anak-anak telah mati, terbujur kaku di depan televisi
Bahkan kiai-kiai kami pun telah mati, karna tak lagi dapat memberikan contoh kepada para santri). 

Ya Tuhan, ampunilah kami dan mereka, ampunilah kami dan mereka, ampunilah kami dan mereka.